Monday, December 12, 2016

Kumpulan Contoh Soal Bahasa Jawa

1.      Papan lan wektu kadadeyan ing crita diarani ....
a.         Alur
b.        Latar
c.         Paraga
d.        Watak

2.      Kepala sekolah, maringi pidhato marang para siswa prayogane migunakake basa ....
a.         Ngoko
b.         Krama
c.         Kedhaton
d.        Kramantara

3.      Cacahing wanda ing saben sagatra diarani guru ....
a.         Gatra
b.         Lagu
c.         Wilangan
d.        Dhong dhing

4.      Pariwara nunggal teges karo tembung ....
a.         Kabar
b.        Wara-wara
c.         Kawruh
d.        Pawarta


                                                                       Wara-wara
Kanggo kanca-kancaku Pramuka daksuwun teka ing sekolahan dina setu tanggal 29 Desember 2014 saperlu nganakake Persami.
Matur Nuwun kawigatene.

                                                                                    Demak, 24 Desember 2014
                                                                              Pembina Pramuka SMP 1 Demak

                                                                                                Arifin
Wara-wara ing dhuwur kanggo mangsuli pitakon nomer 5 lan 6.

5.      Pariwara kasebut katujokake marang ....
a.         Anggota OSIS
b.         Pembina OSIS
c.         Anggota Pramuka
d.        Pembina Pramuka

6.      Persami arep dianakake rikala ....
a.         24 Desember 2014
b.         20 Desember 2014
c.         25 Desember 2014
d.        29 Desember 2014

7.      Mira     :  “Bu ... Ibu, kowe entuk layang saka Bu Rini.”
Ibu       :  “Ya, ... gawanen mrene. Kowe mau kepethuk Bu Rini ing ngendi?”
Basa kang digunakake Mira ing pecelathon dhuwur iku luput, sing bener kudune ....
a.         Bu ... Ibu, panjenengan pikantuk serat saking Bu Rini
b.         Bu ... Ibu, sampeyan pikantuk serat saking Bu Rini
c.         Bu ... Ibu, sampeyan pikantuk surat saking Bu Rini
d.        Bu ... Ibu, panjenengan entuk layang saking Bu Rini

8.      Tembang macapat cacahe ana ....
a.         9
b.         10
c.         11
d.        12

9.      Ing ngisor iki kang ora kalebu tuladhane Ariwarti yaiku ....
a.         Kompas
b.         Jawa Pos
c.         Mekarsari
d.        Wawasan

“Nota Protes kaping-36 dikirimake dina kemis (4/6).” Ngendikane Juru Wicara Departemen Luar Negeri RI, Teuku Faizasyah, ing Jakarta, Jumat.
Protes kang pungkasan kasebut, miturut Teuku Faizasyah, dikirimake marang malaysia sawise entuk palapuran kanthi rinci saka TNI AL ngenani kanyatan sing dumadi ing lapangan. TNI AL, kanthi urut nyritakake kronologi kedadeyan wektu lan tanggal dumadine inkursi utawa aktivitas saka negara manca (Malaysia) mlebu ing wilayah negara Republik Indonesia.

10.  Pawarta kasebut katulis tanggal ....
a.      4 Juni
b.      4 Agustus
c.       4 Juli
d.      4 September

11.  Juru Wicara Departemen Luar Negeri asmane ....
a.         Teuku Fairasyah
b.         Tengku Ryan
c.         Tengku Faizasyah
d.        Teuku Faizasyah

MEGATRUH
Laras pelog pathet barang
Sigra milir sang gethek sinangga bajul
Kawandasa kang njageni

12.  Guru wilangane cuplikan tembang kasebut yaiku ....
a.         12, 7
b.        12, 8
c.         12, 9
d.        12, 10

Wacan kanggo soal no 13-15
Nuju malem Senin aku lan santri  liyane padha mirengake Mbah Kyai lagi mulang kitab Tauhid, biasane Amin ora tau nggatekake wejangane Mbah Yai, nanging bengi kuwi dingaren Amin temenan anggone ngrungokake. “polah tingkah sekabehing titah ing alam donya iki sing nglakokake Gusti Allah. Ora beda kaya wayang kang dilakokake dening dhalang.” Ngono simpulan kang diterangake Mbah Kyai wektu iku.

13.  Manut pethikan crita kasebut kedadeyane ing dina ....
a.         Minggu
b.         Senin
c.         Minggu bengi
d.        Senin bengi

14.  Paraga kang dicritakake ing crita kasebut, yaiku ....
a.         Mbah Yai
b.        Amin
c.         Dhalang
d.        Aku lan para santri liyane

15.  Biasane Amin ora tau nggatekake wejangane Mbah Yai, nanging bengi kuwi dingaren Amin temenan anggone ngrungokake. Tembung-tembung ing ngisor iki kang nunggal teges karo tembung wejangan yaiku ....
a.         Ayahan
b.         Piwulang
c.         Pitutur
d.        Ular-ular

16.  “Lho sinten ingkang bengak-bengok ing wanci dalu, lha kula namung matur menawi wonten banjir ageng. Mangga paklik kita ngungsi kemawon”. Ukara kasebut nggunakake ragam basa ....
a.       Ngoko alus
b.      Ngoko lugu
c.       Krama alus
d.      Krama lugu

17.  Tibaning swara ing pungkasaning gatra tembang macapat, yaiku ....
a.    Guru gatra
b.   Guru lagu
c.    Guru wilangan
d.   Pada

18.  Pranyatan ing ngisor iki kang ora kalebu unsur instrinsik ing crita cekak, yaiku ....
a.    Alur
b.    Setting
c.    Watak paraga
d.   Pangripta

19.  Kanggo ngelet-eleti tetembungan karo angka jawa ing panulisan aksara jawa nggunakake ....
a.    Pada lingsa
b.   Pada pangkat
c.    Pada lungsi
d.   Adeg-adeg


20.  Pada lungsi kang digunakake kanggo mungkasi ukara iku wujude ....
a.       ?
b.      .
c.       ,
d.      ;

1 comment:

Workshop AMOS